Kamis, 17 Maret 2016

WASIAT SIMBAH KH MUNAWWIR KRAPYAK

WASIAT SIMMBAH KH MUNAWWIR KRAPYAK

Allohumma sholli wasallim ‘ala
Sayyidina wamaulana Muhammadin
Adadama fi Ilmillahi Sholatan
Daimatan bidawami mulkillaahi

Moco qur’an agung banget faedahe
Namung kudu netepi toto kramane
Mergo akeh wong kang moco qur’an tompo
Ing bendune sebab ora toto kromo

Wes ceka’e saben tahun ojo kurang
Khotam qur’an kaping telu ing ambalan
Lamun khotam ing sak qur’an pamacane
Iku enggal mustajab ing panyuwune

Ono donyo Allah olehe nyembadani
Ing utowo nemu bejo ing wes mati
Nanging ojo rokok utowo caturan
Lahan ono sandinge wong moco Qur’an

Balek kuwe rumongsoho sak jerone
Moco qur’an ing jerone ngrungokake
Iku klebu bekti Allah kang sejati
Ing senajan marang makno ora ngerti

Dene ngerti ing maknane anambahi
Ing faedah lan madangke marang ati
Alloh ngudaneni lahir batin iro
Lan mirsani lan mirengke moco iro

Wong kang ahli  moco qur’an ora susah
Besok ing dino qiyamat malah bungah
Omah ingkang kanggo moco qur’an jembar
Ing rizqine ahli omah ojo samar

Omah ingkang ora kanggo moco qur’an
Rupek pangupo jiwane kroso kurang
Gusti Alloh kulo nyuwun remen nderes
Klawan Qur’an lahir batin ingkang leres

Qur’an iku mukjizat kang paling agung
Ngilangake penyakit susah lan bingung
Lan sageto kulo nderek dawuh qur’an
Pejah kulo nyuwun islam sarto iman

Tidak ada komentar:

Posting Komentar